Keluar in Surinamese-Javanese (free version) by Kadi Kartokromo

Keluar

Keluar iku jen sliramu perlu meneng wae orak wani ngomong opo opo

Keluar iku jen sliramu nang tutupan opo meneh nang buri lawang sing ditutup mergo awakdewe orak perlu wedi jen sliramu diwedeni marang wong lijane.

Keluar iku jen dino mbisoh orak dipodo ake karo dino sak iki

Keluar iku jen pintu pintu wani ditutup lan bisoh wiroh ning pengilon opo tangane nang sebelahe tentrem lan orak eneng opo opo

Keluar iku jen aku bisoh turu sing penak orak enek sing brebegki mergo orak eneh wong lijane wong sing kembar kembor

Keluar iku jen sliramu sing arep mangan kapn sing gelem lan nang ndie wae bisoh nangin bisoh guwak butelane ning pauwang sing wong luwih ditankep odjo mellu mellu.ngomong

Keluar iku jen aku orah mangerti sing ngluarari aku sopo, sopo sing ngutjuli aku saben dinane odjo meneh sing bondoh aku

Keluar iku jen aku orak usah ngenteni wong lijane sing bakal kluwari aku jen aku bakal direwangi Gustiku

Keluar iku jen prasaanku wis alus, jen keluar iku sadjane sembarang sing nang sebelaku kabeh wis resik lan agine sembriibiet terus nanging orah bisoh ditahan marng sliramu.

Keluar iku jen bisoh ngrewangi lan mageri aku men barang sing olo podo semengker kabeh

Keluar iku jen aku dino iki wis temennanan lan sliramu orak ngerti lan dununge opo

Jen kojo ngonoh aku bunga banget lan sliramu sakiki wis podo keluar temenanan

Mbo joh sakiki aku takduweh rembug podo podo jen keluawaran iku sadjane perlu sakpodo podo pienter suweh lan langgeng men bisoh ngrewangi sahk uripku lan uripmu diluwari kabeh

Marion Bloem

Surinamese-Javanese translation by Kadi Kartokromo
Karangan sonko Kadi Kartokromo Vrije vertaling Javaans-Surinaams