Kamardhikan in Javanese by Ika Retnaningtyas

Kamardhikan

Saumpama kamardhikan kuwi: sira kudu meneng
Amarga aku kepara ngucap ukara

Saumpama kamardhikan kuwi: sira timpuh ing sajrone pakunjaran, Sahingga kita nora kudu ajrih mring kadadean sira kang sapada-pada utawa liya

Saumpama kamardhikan kuwi: dina sesuk binudi kalayan titi
Kanthi angurang-ngurangi kautuhaning dina iki

Saumpama kamardhikan kuwi: hangunceni lawang sak ewon
Lan mardhikaning ati nyisir beber tumrap ing apa-apa kang kudu sumingkir

Saumpama kamardhikan kuwi: tura-turu angler
Amarga lathi kapocap liya karuda paksa

Saumpama kamardhikan kuwi: karahayon ing apa panyuwun sira
Ananging ninggal kulit ing sajroni gisik Koran
Mrih ing papan anggone lara lapa

Saumpama kamardhikan kuwi minangka : nir mangerteni ciptaning kamardhikanku Pangreksaning kamardhikanku, kang mbanda kamardhikan kuwi sedina-dina

Saumpama kamardhikan kuwi minangka nganthi-anthi Pandhita Ratu
Paring kamardhikan supadi uwal saka wedi
Aku ngandel, sejatining kawruh sajroning ati

Saumpama kamardhikan ngraketke rasa kawruhku
Saumpama kamardhikan nguber rasa sajroning aku
Ananging nora kancandhak dening sira

Saumpama kamardhikan ngrangkul aku
Mring tuwah sira kang nora sak baen ku
Saumpama kamardhikan nyata-nyata anggelar sekalir-kalir ing wektu iki Yekti sepi arti mring sira

Pramila kamardhikan mung salanjar buntut kethip mring aku
Lan endhas kethip mring sira
Pramila kamardhikan mung sak angin tanpa ngulon tanpa ngetan, nir wektu

Ananging, aku bisa merdhika kanggo paron kamardhikan kuwi
-yen sira uga sepakat-
Kanggo sawetara utawa salawase
Paring kamardhikan kuwi mring sira
Kamardhikan kang sarupa Sangsaya

Marion Bloem

Javanese translation by Ika Retnaningtyas
From Indonesian translation “Kebebasan” by Stella Noviani